ndangdutan safety day nang site TUNU 11 EPSC- 8 bareng karo konco2 uuuuakuehh...
tirto suam
Rabu, 23 Juni 2010
Senin, 21 Juni 2010

gedang rojo ning pinggir kali, kangen karo wis suwe ora bali
awan awan koq gerimis linggis, sore thithik lha koq udan pecok timun kok mambu sangit, ban serep karo kawat... nglamun karo ndelok langit, ngarep2 onok superman liwat !!
iwak pitik dibumbu rujak, kacek sithik pilih sing penak...
dadi perawan koq meringis, bareng didhingkik lha koq nggak nggawe kathok
kawul serutan kayu
buah mranti dirubung laler
aja kepincut rupane ayu
sapa ngerti turune ngiler
awan awan grimis pecok
wayah bengi udan kodok.....
dadi prawan ojo plerak plerok...
gak payu rabi adol katok...
Gulo jowo rasane legi ....
Lek wis tuwo ambune ragi
Bolodewo dukur antene ....
Tambah tuwo entek santene
Kamis, 17 Juni 2010
PARIKAN part : 05

tuku bakwan karo martabak dikekno pacar…. sing dodol wonge ireng nggawe blangkon gak pacakan..... ngakune prawan pas di cobak kok lancar...bareng di takoni jare tau kecelakaan,,,
Tuku jarik nang pasar turi…,awan marjuki bengi desi,…sore mbecak bengi dadi banci… iki ngono turunane wong sakti...kwkwkwkwkw
tuku mejo nanggone paijo, mangan iwak jangane lodeh......
Bengi kerjo awan yo kerjo, dadine awak pegel kabeh......
suwek didondomi bolah...wes tuwek ojo kakean polah....
tuku bolah digawe layangan ,,,, wis kakehan polah, sobone guyangan ,,,,
Kecik isi sawo, rambut brintik koyo gendruwo
tuku bolah wernoe ireng....,
Onok kodok digowo mbak sum.....
jare sekolah kok meteng....
iku ngono kakehan ndelok video mesum.....
abang gak lunturo sing ijo dadi poteh……
bujang gak ngluyuro sing duwe bojo gak tau moleh......
teklek kecemplung kalen ....
timbang golek aluwong balen....
terong kok diuntir...yo gemet...
anake uwong kok dipikir...yo mumet...
tuku jamu kok pasar pagi...
bojo lemu ketok nek diopeni....
gethuk dicampuri klopo ...
masi gak tau pethuk ojo lali karo konco...
Rabu, 16 Juni 2010
PARIKAN part : 04

pak lek ngadeg nang prapatan,... nek ati sumpek enake yo parikan ...
wetan banyu kulon yo banyu...
kate nyabrang ora ono uwote...
wetan ayu kulon yo ayu...
lek tak sawang podo empuke....
bong kuburan mayit, koyo ono bolong kok iso njepit
krepek gedang godhoh ketelo.... thitik edang pokoke roto..
kembang jagung dipothek cino...barang wis kadung dikapakno...
ngresik suroboyo....kalah dhisik ojo ngersolo.....
nglokir yo nglukir tapi ojo nglukir rojo ....ngesir yo ngesir tapi ojok duwe’e konco
jare kewan tiba’e mung ulo...jarene prawan tibake anak’e limo...
jarene klambi tiba’e clono....jarene rabi tiba’e mung cerito...(gak wani rabi)
turu gerdu bantal kentongan....sirah ngelu awak sempoyongan
jlantah dinggo bumbune pitik jowo..
masio kalah rupo kalah bondo..
sing penting menang dowo
kecipir mrambat kawat .....masi gak mampir nek ketok liwat...
tuku banyu diadahi tumbu yo nublek.....wis gak ayu kemayu yo mblenek...
PARIKAN part : 03

Nek kulakan nang pasar turi, cak ojo lali mampir mangan nang warunge cak jono ... Aku gak nuturi, cak iki ngono cerito pengalaman pribadine konco.
Kulakan nang pasar turi nek ngelak ngombe'o pocari ...... Lek sampeyan ngono gak nuturi tapi nututi teko mburi
.gae layangan soko kertas......dadi lanangan ojo gragas...
Watu cadas diobong karo lengo gas .....
Lek nggeragas tondone jik bergas…
ono kodok kecepet watu cadas....
watu cadas panggone ndek pandaan....
jarene wong wedok golek seng cerdas....
wong cerdas panggone ndek parikan....
Sego sak kepel dirubung semut ... Duwe bojo sempel, anak'e gak tau diramut ...
Arek layangan mlayu ndangak-ndangak .....
Lek kakean ndangak ketabrak cagak
penake ngemil ngombe anggur mangan kupat ngombene jus apukat awake kuat giat lan sehat.....
timbangane nontok aril angur moco sholawat luwih-luwih malem jum'at, jarene pak ustad kiamat sudah dekat....
Onok baki isine panganan disuguhno tamune sing teko kondangan ...... Iki ngono duduk guyonan pancen ngene sing jenenge parikan
manuk manyar jumlah e pitu
tuku lombok nang kepanjen
manten anyar nang kamar gak metu - metu...
bareng mbengok eee tibak e kecepit amben......
Langganan:
Postingan (Atom)