Rabu, 16 Juni 2010

PARIKAN part : 01


Njopok SRIKOYO DI GAWE KERIKAN.
MANUK GLATIK E DI UNTAL BOYO...
AYO NGLESTARIKNO PARIKAN
SOAL E BUDOYO E SUROBOYO
Iwak dorang satus ditukerno pelem ... Masio klambi abang gak tau adus, tapi peno yo gelem ..
golek sego sak piring kok lawuhe iwak bandeng,......lek ndelok wong2 sak'iki kok akeh sing gendeng
bandeng kepiting ajo ditaleni tali wojo... weteng blending mergo Dila Keni karo bojo...
gedang godhog ditaleni pita digowo nang gunungsari ,... ancene GOBLOK, wong mek putus cinta, kok ngantek
bunuh diri...!!!
cak anton mlumah ngarepi buk nia....oyok podho nonton bola piala dunia...
Sate jaran panase ora lumrah….
Jarene perawan,lha koq mlakune mbegagah??
Tuku gedang sak cengkeh katene digawe lamaran ... Nek prawan mlakune mekeh2, berarti mari digawe giliran ...
iwak sepat iwak muniran,iwak sepat campur areng....
ati gak kuwat nahan pikiran,bojo papat meteng bareng...
Mangan serabi karo ngakak..
Dodol wijen gak ono sing ngewangi..
Durung rabi opo yo enak,
lungo ijen gak ono sing ngancani..
Nggawe klambi Cak dhisikno tangan kiwo....
wis ndang rabi Cak supoyo gak dadi bujangan tuwo.

opak gapit ijol krupuk..... mari kecepit yo nglimpruk....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar