Rabu, 23 Juni 2010


ndangdutan safety day nang site TUNU 11 EPSC- 8 bareng karo konco2 uuuuakuehh...

Senin, 21 Juni 2010


gedang rojo ning pinggir kali, kangen karo wis suwe ora bali

awan awan koq gerimis linggis, sore thithik lha koq udan pecok timun kok mambu sangit, ban serep karo kawat... nglamun karo ndelok langit, ngarep2 onok superman liwat !!
iwak pitik dibumbu rujak, kacek sithik pilih sing penak...

dadi perawan koq meringis, bareng didhingkik lha koq nggak nggawe kathok
kawul serutan kayu
buah mranti dirubung laler
aja kepincut rupane ayu
sapa ngerti turune ngiler
awan awan grimis pecok
wayah bengi udan kodok.....
dadi prawan ojo plerak plerok...
gak payu rabi adol katok...
Gulo jowo rasane legi ....
Lek wis tuwo ambune ragi
Bolodewo dukur antene ....
Tambah tuwo entek santene

Kamis, 17 Juni 2010

gondal gandul


gandul ketiban klopo .... gemandul nggone dodo...

preeettt...


sepurane cak aku durung siap iki dadine yo preeetttt....wis... kadung....

PARIKAN part : 05


tuku bakwan karo martabak dikekno pacar…. sing dodol wonge ireng nggawe blangkon gak pacakan..... ngakune prawan pas di cobak kok lancar...bareng di takoni jare tau kecelakaan,,,
Tuku jarik nang pasar turi…,awan marjuki bengi desi,…sore mbecak bengi dadi banci… iki ngono turunane wong sakti...kwkwkwkwkw
tuku mejo nanggone paijo, mangan iwak jangane lodeh......
Bengi kerjo awan yo kerjo, dadine awak pegel kabeh......
suwek didondomi bolah...wes tuwek ojo kakean polah....

tuku bolah digawe layangan ,,,, wis kakehan polah, sobone guyangan ,,,,
Kecik isi sawo, rambut brintik koyo gendruwo
tuku bolah wernoe ireng....,
Onok kodok digowo mbak sum.....
jare sekolah kok meteng....
iku ngono kakehan ndelok video mesum.....

abang gak lunturo sing ijo dadi poteh……
bujang gak ngluyuro sing duwe bojo gak tau moleh......

teklek kecemplung kalen ....
timbang golek aluwong balen....

terong kok diuntir...yo gemet...
anake uwong kok dipikir...yo mumet...

tuku jamu kok pasar pagi...
bojo lemu ketok nek diopeni....

gethuk dicampuri klopo ...
masi gak tau pethuk ojo lali karo konco...

Rabu, 16 Juni 2010

PARIKAN part : 04


pak lek ngadeg nang prapatan,... nek ati sumpek enake yo parikan ...
wetan banyu kulon yo banyu...
kate nyabrang ora ono uwote...
wetan ayu kulon yo ayu...
lek tak sawang podo empuke....
bong kuburan mayit, koyo ono bolong kok iso njepit
krepek gedang godhoh ketelo.... thitik edang pokoke roto..

kembang jagung dipothek cino...barang wis kadung dikapakno...

ngresik suroboyo....kalah dhisik ojo ngersolo.....
nglokir yo nglukir tapi ojo nglukir rojo ....ngesir yo ngesir tapi ojok duwe’e konco

jare kewan tiba’e mung ulo...jarene prawan tibake anak’e limo...

jarene klambi tiba’e clono....jarene rabi tiba’e mung cerito...(gak wani rabi)

turu gerdu bantal kentongan....sirah ngelu awak sempoyongan

jlantah dinggo bumbune pitik jowo..
masio kalah rupo kalah bondo..
sing penting menang dowo

kecipir mrambat kawat .....masi gak mampir nek ketok liwat...

tuku banyu diadahi tumbu yo nublek.....wis gak ayu kemayu yo mblenek...

PARIKAN part : 03


Nek kulakan nang pasar turi, cak ojo lali mampir mangan nang warunge cak jono ... Aku gak nuturi, cak iki ngono cerito pengalaman pribadine konco.

Kulakan nang pasar turi nek ngelak ngombe'o pocari ...... Lek sampeyan ngono gak nuturi tapi nututi teko mburi

.gae layangan soko kertas......dadi lanangan ojo gragas...

Watu cadas diobong karo lengo gas .....
Lek nggeragas tondone jik bergas…

ono kodok kecepet watu cadas....
watu cadas panggone ndek pandaan....
jarene wong wedok golek seng cerdas....
wong cerdas panggone ndek parikan....
Sego sak kepel dirubung semut ... Duwe bojo sempel, anak'e gak tau diramut ...
Arek layangan mlayu ndangak-ndangak .....
Lek kakean ndangak ketabrak cagak
penake ngemil ngombe anggur mangan kupat ngombene jus apukat awake kuat giat lan sehat.....
timbangane nontok aril angur moco sholawat luwih-luwih malem jum'at, jarene pak ustad kiamat sudah dekat....
Onok baki isine panganan disuguhno tamune sing teko kondangan ...... Iki ngono duduk guyonan pancen ngene sing jenenge parikan

manuk manyar jumlah e pitu
tuku lombok nang kepanjen
manten anyar nang kamar gak metu - metu...
bareng mbengok eee tibak e kecepit amben......

PARIKAN part : 02


Nang pasar turi towo obat, wis payu siji ditukoni cak Dayat ... Wis ngunduri tuwo koq gak tobat, wis gak tau ngaji malah ngelakoni maksiat ..
isine sawo iku arane kecik..
lha kok sawone di pangan sapi..
konco iku nuturi becik..
lha kok dulur dulur kabeh podo njaraki..

mangan teri karo bakso, nyambi nonton wong silat..
jare nuturi tapi aku gak rumongso.. paling nonton seng lagi curhat..

ono boto ono kawat....
tambah tuwo tambah kumat
tuku duku tiba'e tomat..imit2 diincipii.....iku ngunu jarene nikmat..amit2 jabang bayi...

srikoyo digawe kolak.....masiyo tuwo diawe luna opoiso nolak ?
tuku cambah sak adahe...sampeyan ae mbah sing kuat imane...

Lali dalane mergane udan, arep takon wong liyo rasane koq gak sabaran ... Pancen saiki jamane wis jaman edan, umur wis tuwo koq sobone komplekan...

nang pasar turi tapi gak rumongso tuku obat..
lek isi parikane nuturi ngene iki baru tepat..

nggowo peti nang pasar turi ditaleni kawat kuat2...nek wong ngerti gak nuturi iku nggarai kualat....

tuku klopo digawe obat,
enak tenan cak.. dicampuri gulo,
sampeyan wes tuwo ojo nglakoni maksiat,
nek malah rusak koyok opo..

PARIKAN part : 01


Njopok SRIKOYO DI GAWE KERIKAN.
MANUK GLATIK E DI UNTAL BOYO...
AYO NGLESTARIKNO PARIKAN
SOAL E BUDOYO E SUROBOYO
Iwak dorang satus ditukerno pelem ... Masio klambi abang gak tau adus, tapi peno yo gelem ..
golek sego sak piring kok lawuhe iwak bandeng,......lek ndelok wong2 sak'iki kok akeh sing gendeng
bandeng kepiting ajo ditaleni tali wojo... weteng blending mergo Dila Keni karo bojo...
gedang godhog ditaleni pita digowo nang gunungsari ,... ancene GOBLOK, wong mek putus cinta, kok ngantek
bunuh diri...!!!
cak anton mlumah ngarepi buk nia....oyok podho nonton bola piala dunia...
Sate jaran panase ora lumrah….
Jarene perawan,lha koq mlakune mbegagah??
Tuku gedang sak cengkeh katene digawe lamaran ... Nek prawan mlakune mekeh2, berarti mari digawe giliran ...
iwak sepat iwak muniran,iwak sepat campur areng....
ati gak kuwat nahan pikiran,bojo papat meteng bareng...
Mangan serabi karo ngakak..
Dodol wijen gak ono sing ngewangi..
Durung rabi opo yo enak,
lungo ijen gak ono sing ngancani..
Nggawe klambi Cak dhisikno tangan kiwo....
wis ndang rabi Cak supoyo gak dadi bujangan tuwo.

opak gapit ijol krupuk..... mari kecepit yo nglimpruk....

Sabtu, 12 Juni 2010

URI - URI PARIKAN SUROBOYO


Uri –uri tradisi “ Parikan suroboyo “

Sedikit sejarah tentang parikan.

Parikan suroboyo bermula kesenian tradisional jawa timur yaitu ludruk, yang selalu ada didalamnya, kalau dalam bahasa Indonesia disebut pantun / pantunnya orang jawa timur khususnya Surabaya
Parikan sendiri ada entah mulai kapan yang jelas sejak kesenian ludruk itu ada dan didalamnya memuat segala bentuk mengenai gurauan , ajaran, petuah, sindiran dan semangat membangun .
Parikan pertama yang pernah ada masa penjajahan jepang yang pernah dianggap sangat keras oleh tentara jepang yaitu dari seorang seniman ludruk kalau ngak salah bernama cak Dulasim yang berbunyi “ Bekupon omahe doro…Melok Nippon tambah soro “ yang artinya “ ikut jepang tambah sengsara “ sehingga beliau ditanggkap tentara jepang…..ini hanya sedikit sejarah seorang seniman yang tak pernah tkut untuk bicara dansemoga kita tahu tidak sia-sia kan pengorbanannya…intinya “ jangan takut untuk bicara kalau memang bicara untuk suatu keyakinan dan perjuangan . Nggablako cocok mu sampek londot..nek iku pancen bener.. jarene wong tuwek.

Konco-konco kabeh wong jawa timur yang tersebar diseluruh wilayah indonesi monggo ayo podho melok melestarikan btradisi kita
.
*MANGAN GAPLEK KARO TRASI….OJOK SAMPEK LALI KARO TRADISI*

“ Tuku sabun nang nggone mbak yu….tuku ketan siji dipangan wog loro…
Nek pantun jare wong melayu…….nek parikan pancen asli soroboyo… “


Disini akan saya kumpulkan banyak kata-kata parikan uuntuk dilihat dan hiburan buat orang-orang jawa timur khususnya dan semua orang senegara dan setanah air ………
Hanya untuk informasi …Bahwa kita itu ada orang-orang pelestari tradisi parikan jaman saiki…ayo dimulai….


Dari cak ghondez
Tirto Suam …Tirto banyu Suam anget dadi Banyu Anget



menunggu choper turun...

artis hollywood di Indonesia

sakira nyawer....
Mr. lagi nyantai di pantai